Selasa, 18 September 2012

sesorah


SESORAH KEPALA SEKOLAH WONTEN ING ADICARA PERPISAHAN KELAS XII

Assalamu’alaikum warokhmatullaahi wabarokaatuh,

Bapak Bupati Kebumen ingkang pantes sinudarsana,
Bapak Kepala Dinas ingkang minulya,
Bapak Kepala Sekda ingkang karoban ing raos bagya,
agunging pangurmatan konjuk dumateng Bapak Ketua Komite SMA N 1 Kebumen,
Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang dhahat kinabekten,
Wali murid ingkang tansah winantu suka basuki,
Saha putra-putri kelas X, XI, ugi XII SMA N 1 Kebumen ingkang kula tresnani,
Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi kanikmatan saha kawilujengan dateng kita sedaya sahengga kita saged makempal wonten ing papan pawiyatan punika kanthi adicara perpisahan kelas XII SMA N 1 Kebumen. Shalawat saha salam katur konjuk dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi pitedah dateng kita sedaya saha ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun wonten ing yaumal qiyamah.
Kula aturaken panuwun dumateng pengasta adicara ingkang sampun maringi kula wekdal kagem ngaturaken sambutan wonten ing adicara punika. Kula ugi aturaken panuwun dumateng para rawuh sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing adicara perpisahan punika. Mugi-mugi adicara punika saged kita lampahi kanthi lancar boten wonten alangan satunggal punapa.

Para rawuh sedaya,
Kula aturaken slamet dateng putra-putri kelas XII ingkang sampun lulus kanthi nile ingkang sae. Mugi-mugi kesaenan punika saged dados tuladha ingkang becik kagem adhik-adhik kelas sahengga saged langkung becik wonten ing kelulusan taun ngajeng. Mbok bilih dinten punika dinten pungkasan kagem putra-putri kelas XII wonten ing papan pawiyatan punika. Ananging, sedaya ingkang sampun kita lampahi sareng-sareng ndadosaken kenangan paling endah ingkang boten saged dipunsupeaken. Kanthi ilmu ingkang sampun Bapak Ibu Guru paringaken, mugi-mugi saged dados bekal gesang kagem putra-putri sedaya wonten ing dinten-dinten ngajeng.
Para rawuh sedaya,
Kula minangka wakil saking Bapak Ibu guru ngaturaken panuwun kagem putra-putri sedaya amargi sampun maringi prestasi kagem papan pawiyatan punika. Wonten kathah sanget ingkang dados bungah penggalihipun kita sadangunipun putra-putri ngawruh ilmu wonten ing papan pawiyatan punika. Sesarengan kalihan putra-putri sedaya sampun dadosaken papan  pawiyatan punika kiat ugi tampi prestasi ingkang sae. Kula maturnuwun sanget dateng putra-putri sedaya. Kula ugi badhe ngaturaken agunging panuwun dumatheng Bapak Ibu Guru saha wali murid ingkang sampun ndidik utawi nuntun putra-putri kelas XII punika anggenipun ngawruh ilmu ugi ngadepi ujian nasional kanthi sukses.
Putra-putri sedaya ingkang kula tresnani,
Kula minangka wakil saking Bapak Ibu Guru, nyuwun pangapunten mbokbilih wonten kathah kalepatan anggenipun ndidik putra-putri sedaya. Mugi-mugi putra-putri ingkang sampun lulus saged nglajengaken pendhidhikan ingkang langkung inggil. Satunggal pesen kagem putra-putri kelas XII supados saged mbeto kesaenanipun papan pawiyatan punika. Pirsaaken sifat putra-putri ingkang sopan ugi sae. Dadosaken sifat punika titikan ingkang khas saking papan pawiyatan punika. Tetepaken penggalihipun putra-putri sedaya wonten ing kejujuran ugi keleresan. Insyaalloh putra-putri sedaya saged dados tiyang ingkang sukses ugi berhasil.
Putra-putri ingkang kula tresnani saha para rawuh sedaya,
Sajatosipun tesih kathah sanget ingkang badhe kula aturaken. Ananging, mugi-mugi kanthi satunggal pesen kula wau saged maringaken berkah ugi manfaat kagem putra-putri sedaya.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan anggenipun kula matur wonten ing ngarsa para rawuh sedaya, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum warakhmatullaahi wabarakaatuh,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar