SESORAH
KEPALA SEKOLAH WONTEN ING ADICARA PERPISAHAN KELAS XII
Assalamu’alaikum
warokhmatullaahi wabarokaatuh,
Bapak Bupati
Kebumen ingkang pantes sinudarsana,
Bapak Kepala
Dinas ingkang minulya,
Bapak Kepala
Sekda ingkang karoban ing raos bagya,
agunging
pangurmatan konjuk dumateng Bapak Ketua Komite SMA N 1 Kebumen,
Bapak
Ibu Guru saha karyawan ingkang dhahat kinabekten,
Wali
murid ingkang tansah winantu suka basuki,
Saha
putra-putri kelas X, XI, ugi XII SMA N 1 Kebumen ingkang kula tresnani,
Puji
syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi
kanikmatan saha kawilujengan dateng kita sedaya sahengga kita saged makempal
wonten ing papan pawiyatan punika kanthi adicara perpisahan kelas XII SMA N 1
Kebumen. Shalawat saha salam katur konjuk dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang
sampun maringi pitedah dateng kita sedaya saha ingkang kita ajeng-ajeng
syafa’atipun wonten ing yaumal qiyamah.
Kula
aturaken panuwun dumateng pengasta adicara ingkang sampun maringi kula wekdal
kagem ngaturaken sambutan wonten ing adicara punika. Kula ugi aturaken panuwun
dumateng para rawuh sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing adicara perpisahan
punika. Mugi-mugi adicara punika saged kita lampahi kanthi lancar boten wonten
alangan satunggal punapa.